Sesorah Pengetan HUT Kamardikan RI



Sesorah Pengetan HUT Kamardikan RI
Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh
Ingkang kula urmati Bapak Pangarsa Pawiyatan SMA N 1 Purworejo, ingkang kula urmati para bapak ibu dwija saha para kanca ingkang kula tresnani.
Wonten ing adicara ingkang kebek kabagyan menika, mangga kula lan panjenengan sedaya ngaturaken raos syukur ing ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun maringi nikmat saha rahmatipun dhateng kita sedaya pramila kita saged kempal wonten ing adicara menika kanthi saras mboten wonten rubida setunggal menapa. Saha kanikmatan ingkang sakalangkung ageng inggih menika arupi nikmat Kamardikan Bangsa Indonesia.
Dinten menika kita sedaya mengeti dinten ambal warsanipun Indonesia ingkang kaping 72. Mugia Bangsa Indonesia dados bangsa ingkang onjo, tentrem, adil saha makmur ing saindenging bawana.
Para rawuh sedaya ingkang kula urmati.
Kados sampun kita mangertosi sesarengan bilih rikala tanggal 17 Agustus 1945, Indonesia mbiyawaraaken kamardhikan. Para pemimpin bangsa punika wusananipun kasil maosaken teks proklamasi kamardhikan Indonesia lan gadhah cita-cita luhur inggih punika sila-sila wonten Pancasila.
Kamardikaan punika saged kita raih amargi pambudidaya sedaya rakyat Indonesia saha para pahlawan. Kita sedaya minangka generasi ingkang nerasaken perjuanganipun para pahlawan, mangga kita isi kamardikan menika kanthi kegiyatan ingkang saged njurung kwalitas kita sedaya. Kegiyatan menika arupi sregep anggenipun sinau saha sanes- sanesipun.
Nikmat arupi kamardikan ingkang sampun dipunparingaken dhumateng kita sedaya inggih menika nikmat ingkang sakalangkung ageng. Pramila kamardikan menika kedah estu-estu kita jagi lan kita syukuri.
Para rawuh sedaya ingkang kula urmati.
Sumangga kamardhikan menika dipunisi kalihan pembangunan ugi watak nasionalisme ingkang katandur ing manah. Mugia kita sedaya saged ngisi kamardikan menika kanthi kasaenan. Wasana, cekap semanten atur kula. Bilih wonten klenta- klentu anggenipun kula matur kula nyuwun pangapunten. Nuwun.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Novel Sejarah

Simetri Putar Geo Gebra