Postingan

Menampilkan postingan dari Januari, 2018

Sesorah Pengetan HUT Kamardikan RI

Sesorah Pengetan HUT Kamardikan RI Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh Ingkang kula urmati Bapak Pangarsa Pawiyatan SMA N 1 Purworejo, ingkang kula urmati para bapak ibu dwija saha para kanca ingkang kula tresnani. Wonten ing adicara ingkang kebek kabagyan menika, mangga kula lan panjenengan sedaya ngaturaken raos syukur ing ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun maringi nikmat saha rahmatipun dhateng kita sedaya pramila kita saged kempal wonten ing adicara menika kanthi saras mboten wonten rubida setunggal menapa. Saha kanikmatan ingkang sakalangkung ageng inggih menika arupi nikmat Kamardikan Bangsa Indonesia. Dinten menika kita sedaya mengeti dinten ambal warsanipun Indonesia ingkang kaping 72. Mugia Bangsa Indonesia dados bangsa ingkang onjo, tentrem, adil saha makmur ing saindenging bawana. Para rawuh sedaya ingkang kula urmati. Kados sampun kita mangertosi sesarengan bilih rikala tanggal 17 Agustus 1945, Indonesia mbiyawaraaken kamardhikan. Para pemimpin b...